TERERJEMAH ALALA
Kitab Ala la Tanalul
‘Ilma
Muhammad bin Ahmad
Nabhan.
Pesantren Agung Lirboyo,
Kediri.
________________________________
“Alala tanalul ilma illa
bisittatin, saumbika an majmu bibayani: dzakaun, wa khirsun, wastikbarun,
wabulghotun, wairsyadu ustadzin, wa tuulu zamnin” Kecerdasan, semangat, sabar
dan pakai ongkos (biaya) Petunjuk (bimbingan) guru dan dalam tempo waktu yang
lama”
Ilingo gak khasil ilmu
anging nem perkoro
Bakal tak ceritakke
kumpule kanthi pertelo
*
Rupo limpad, lobo, sabar,
ono sangune
lang piwulange guru lan
sing suwe mangsane
*
Jo takon songko wong siji
takono kancane
kerono saktemene konco
manut kang ngancani
*
Yen ono konco olo lakune
ndang dohono
yen ono konco bagus
enggal ndang kancanono
*
Ngajiho kerono ilmu mahesi
ing ahline
lan ngunggulke lan dadi
tonndho tingkah pinuji
*
Onoho ngalap faedah saben
dino ing tambah
songko ilmu lan nglangi
segoronr faidah
*
Ngajiho fikih kerono
ngunggulke lan nuduhke
maring bagus lan wedi
Allah luwih jejekke
*
Ilmu fikih kang nuduhke
dalane pituduh
Hiyo benteng kang
nylametake sekehe pekiwo
*
Wong ngalim fikih siji
tur kang ngedohi haram
luwih abot timbang ‘abid
sewu, mungguh syaithon
*
Gedhene kerusakan wong
ngalim gak ngelakoni
Luwih gedhe timbang iku
wong bodho ngelakoni
*
Karone iku agung-agunge
fitnah dunyo
Tumrape wong kang
tetanggan perkoro agama
*
Siro kepingin dadi ‘alim
fikih kang weco
ra tanpo kangelan edan
iku werno-werno
*
Onoto golek arto ora
kanthi kangelan
dene ilmu koyo opo khasil
gak kangelan
*
Naliko sampurno akale
kedhik guneme
lan nyatakno kumperunge
wong yen keh guneme
*
Matine wong sebab
kepleset lisane
ora kok matine sebab
kepleset sikile
*
Dene mlesete lisan
nekakke balang endhas
dene mlesete sikil
suwe-suwe biso waras
*
Wong duwe ilmu urip
langgeng sakwuse mati
dene adon-adone bosok
ning ngisor bumi
*
Wong bodho mati khale
mlaku ning ndhuwur bumi
den nyono wong kang urip
nanging podho wong mati
*
Kabeh wong maring derajat
luhur obahe ati
Tapine kedhik poro rojul
iku netepi
*
Naliko ono siro iku
wuwuran kaum
mongko ngancanono siro
ing baguse kaum
lan siro ojo sok ngancani
wong kang asor
mongko sebab den sor ke
serto kang asor
Disikkae ingsun ing guru
ngareke bopo
Senajan oleh kamulyan
ingsun songko bopo
*
Dene guru iku kang
ngithik-ithik ing nyowo
Dene bopo iku den
serupaake koyo soco
Dene wong tuwo iku kang
ngitihk-ithik ing rogo
Dene rogo iku den
serupaake wadah soco
*
Aku wis neqodake luwih
khaq-khaqe bener
Yaiku khaqe wong kang
nuduhake barang bener
Lan luwih tak teqodake
luwih wajib den rekso
Mungguhe kabeh wong islam
kepingin biso
*
Guru wis mesthi dihadiahi
sewu dirham
Mulyakke kerono mulang
huruf siji tur paham
*
Ningali ingsun maring
siro kepingin mulyo
Mongko gak hasil mulyo
siro yen during ini
*
Naliko olo lakune wong
olo nyanane
Lan bener nyanane wong
bener pengadatane
*
Ora ono menungso iku
wujud perkoro
Kejobo sifat siji saking
telung perkoro
Sewiji sifat mulyo
kepindo mulyakne
Kaping telu iyo madani
konco-koncone
*
Dene wong sak dhuwur
kuwakawu weruh derajate
Lan aku manut khaqe mero
mergo khaq barang mesthi
*
Dene wong sak podhoku
lamun wong iku kleru
Podho ugo iku wong
keluputan marang aku
Mongko aku wayah
kenugerahan marang kang salah
Kerono nugerahan
ngungguli shifat bungah
Dene wong sak ngisorku
aku shobar biasa
Ngrekso kawirangan senajan
aku den wodo
*
Tinggalo siro ing wong
siji olo lakune
Tegese ojo males olo kang
dilakoni
Kerono bakal den cukupi
kelakuane
Lan sekabehe
barang-barang kang dilakoni
*
Onoto kabeh dudu
golongane wong tuno
Liwate kanthi nganggo di
etung umur kito
*
Ngajiho ilmu siro kerono
gak no wong siji
Iku den anaake kanthi
uwis mangerti
Dene wong duwe ilmu
mulyane lan agunge
Gak podo wong kang bodho
inane lan asore
*
Lungoho soko deso perlu
ngudi kamulyan
Kerono limang perkoro den
temu ing palungan
*
Siji ilange susah loro
rizqine tambah
Kaping telu tambah ngelmu
nyebabake bungah
Kaping pate biso bagusi
ing totokromo
Kaping ,limo merkoleh
konco kang mulyo-mulyo
*
Senajan ono ing lelungan
ngeroso ino ngumboro
Lan njunkung oro-oro lan
ngelakoni sengsoro
*
Uripe wong anom luwih
apike matine
Ing deso kumpul wong kang
adu-adu lan wong drengki
—
Tammat “bita’liimul
muta’alimi” bi ‘aunillah al malik al manan.
wallohu a’lam bis showab.
waljamdulillah hirobbil
‘alamiin.
Tanbih:
Jumlah sedoyonipun wonten
37 podo/bait.
Mugi manfangati tumrap
kito.
Riwayat Versi TERERJEMAH ALALA.docx
| Unggah Versi Baru |